Kamis, 11 Agustus 2016

Cerkak Basa Jawa




Berkah Kajujuran

Oni, yaiku murid kelas 3 SMPN No.1 Pare. Oni murid cerdas lan teladan ing SMP No. 1 Pare, nanging uripe gak seapik ing sekolah. Bapake wis sedo tahun wingi, ibune mung tukang umbah-umbah sing bayarane gak tentu lan adine isih kelas 1 ing SMP No.1 Pare. Banjur ibune takon.
            “ Le, nduk, cita-citamu apa? “ pitakon Ibune
            “ Aku pengin dadi dokter. ” kandane Ocha.
            “ Aku pengin dadi AKMIL. “ wangsulane Oni.
            “ Yawes, sekolah sing pinter, supaya iso kawujud. “ andharane Ibu.
            “ Inggih, Bu. “ wangsulane Oni lan Ocha.
Sesuk isuk, Ibune belanja ing bakul ethek sing dadi langganan, ing bakul ethek iku rame ibu-ibu sing cerewet, ibu-ibu mirengake ceritane Bu Nina, wong paling sugeh ing kampung, nanging sombong. Bu Nina mbanggake anake sing bisa kelebu ing STAN. Banjur Bu Nina takon ing Bu Ani, Ibune Oni lan Ocha.
            “ Bu, anake pengen lanjut ing ngendi?. “ pitakon Bu Nina.
            “ Oni pengin ing AKMIL lan Ocha pengin dadi Dokter, Bu. “ wangsulane Bu Ani.
            “ Saiki sekolah larang , Bu. Lek gak nduwe duwit, gak usah nyekolahke anak duwur-duwur. “ andharane Bu Nina.
Banjur Bu Ani muleh lan mikir sing diomongke Bu Nina iku bener. Sakbare muleh sekolah, Bu Ani ngomong ing anak-anake opo sing diomongke Bu Nina isuk mau, lan ngomong sakbare lulus langsung kerja wae, golek duwit amrih gak soro maneh. Banjur Oni lan Ocha jawab.
            “ Sampun, Bu. Mboten usah mirengake omongane wong liya. Kula lan Ocha bisa golek beasiswa sinau tenanan amrih panjenengan mboten bayar. “ andharane Oni.
            “ Inggih, Bu. Kita murid teladan ing sekolah mesti bisa, kang wigati kita jujur. “ andharane Ocha.
Nyawang anak-anake sing semangat, Bu Ani dadi semangat lan gak gampang mirengake omongane wong liya.
3 tahun sakbare kedaden iku. Oni lan Ocha mlaku-mlaku, banjur gak sengojo Ocha nabrak wong lanang lagi telfon lan dompete ceblok.
            “ Ngapunten, Pak. Kula mboten sengojo. “ kandane Ocha.
             Iyo. “ wangsulane wong lanang iku, ngaleh.
            “ Loh, Cha, dompete sopo iku ceblok?. “ pitakon Oni.
            “ Hah? Paling dompete wong lanang sing ndek wau, Mas. “ wangsulane Ocha.
            “ Yawes, ndang balekno. “ kandane Oni.
Banjur Ocha mlayu goleki wong lanang sing ditabrak mau. Nanging wong lanang iku gak pethuk. Ocha mbalik ing Oni maneh. Banjur Ocha kaget, wong lanang sing digoleki, ana ing sandinge Oni lan ngandani Oni lan Ocha.
            “ Aduh, matur nuwun, nduk. Wes nemoke dompetku, isine isih utuh, matur nuwun, Le, Nduk. Sampean kabeh pancen bocah jujur. Tak wenehi duwit kanggo sekolah.“ kandane wong lanang iku.
            “ Inggih, Pak. Nanging kita mboten bisa nrimo duwit niki. Kita ikhlas, Pak. “ wangsulane Oni lan Ocha.
Amarga gak gelem nerimo duwit, wong lanang iku pengen pethukan ibune Oni lan Ocha. Wong lanang iku ngerti urip e Oni lan Ocha. Oni lan Ocha bocah sing cerdas lan jujur. Banjur iku, wong lanang iku gelem mbiayai sekolahe Oni lan Ocha amrih sukses, Oni bisa dadi kalebu ing AKMIL lan Ocha dadi Dokter. TAMAT