Wayah iku, aku mulih sekolah lan numpak kereta dewean. Ujug-ujug ana wong wadon gawe klambi PNS lungguh in sandingku lan takon “ Mbak, arep mulih to? “ banjur aku njawab “ Inggih, Bu “, “ Aku yo jek tas mulih, Mbak.“. Aku namung mesem lan meneng.
5 menit sakbare iku, wong e wiwit ngomong maneh “ Aku lo mbak, ngajar ing SMA XX, bocahe ndablek-ndablek, yen aku ngajar mesti enek sing dolanan hp, laptop, nge-pes lan akeh sing turu. Jane opo sing dipikir bocah-bocah saiki “. Banjur aku njawab “ Menawi bocahe kesel Bu, wonten bimbel, les ing njaba lan ana ekskul.“ banjur wong wadon iku njawab “ Nanging mbak, kudu ne sing di prioritaskan iku sekolah duduk ekskul lan liyane, saiki lo mbak, yen bocah ora sinau arepe dadi opo? Golek kerja angel. Aku njawab “ Inggih, Bu. Nanging yen muride mboten les, tugas e mboten rampung nanging numpuk, yen mboten saged nggarap soal pripun? Sakniki K13, guru mboten nerangake materi, nanging murid persentasi. “ banjur wong wadon iku njawab “ Iyo mbak, nanging saiki bocah sekolah dicolne saka tugas, dadi waktune bisa longgar, masio gak les, isih iso sinau. “ Inggih Bu, nanging saiki dadi fullday school, sami mawon. “ njawabku. Banjur iku aku mudhun lan pamit mulih. Rampung.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar